www.arifusan.esy.es. Powered by Blogger.

Sunday 17 January 2021



 بِسْـمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْم اَلْحَمْدُلِلّٰهِ الَّذِى خَلَقَ الْحَيٰوةَ وَالْمَوْتَ اَشْهَدُ اَنْ لَااِلٰهَ اَلاَّالله وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهْ وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًاعَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْنَ اَمَّابَعْدُ

Bismillaahirrahmaanirrahiim, alhamdulillaahilladzii khalaqalhayaata wal mauut, Asyhadu allaa ilaaha illallaahu wahdahuu laa syariikalah, wa asyhadu anna muhammadan ‘abduhuu wa rasuuluh. Allaahumma shalli wa sallim wa baarik ‘alaa sayyidinaa muhammadin wa ‘alaa aalihii wa shahbihii ajma’iin. Ammaa ba’du.

Almukarrom poro alim, poro kyai, soho poro ustadz, Ingkang kawulo mulya aken

Poro sepuh pini sepuh, Ingkang kawulo mulya aken poro hadirin sedoyo jamaah tahlil, Wabil khusus shohibul bait, shohibul hajat, bapak FULAN Sekeluarga

Alhamdulillah, monggo kito aturan puji syukur dumateng ngarsanipun Allah SWT kanthi ucapan Alhamdulillahirobbil 'aalamiin, ingkang sampun paring pinten-pinten kenikmatan dumateng kulo panjenengan sedoyo, dene menopo kulo panjenengan sedoyo saget angrawuhi jamaah rutin wonten dalemipun Bapak FULAN kanthi kawontenan sehat wal afiat mboten wonten rubedo menopo-menopo, Mugi-mugi kehadiran kulo panjenengan sedoyo estu-estu dicatet kalian Allah SWT dadoso amalan hasanah fiddini waddunya wal aakhirah, Amin 2X Yaa Rabbal ‘Aalamiin

Sak lajengipun sholawat lan salam monggo kito aturaken dumateng junjungan kito kanjeng nabi Muhammad SAW, biqouli Allahumma sholli 'alaa Sayyidinaa Muhammad... ingkang sampun paring pitedah dumateng kulo panjenengan sedoyo arupi diinul Islam, arupi agami Islam, Mugi2 dalu menika ngantos akhir hayat kulo panjenengan sedoyo tetep netepi agami Islam, lan mbenjang wonten yaumil qiyaamah, kulo panjenengan sedoyo dadoso umatipun ingkang angsal syafaatipun kanjeng nabi Muhammad SAW. Amin 2X yaa robbal 'alamin ...

Bapak-bapak poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken, dalu menika Bapak FULAN kagungan hajat inggih punika, kirim doa dumateng leluhuripun ingkang asma : 1. Almarhum Bapak A 2. Almarhum Bapak B 3. Almarhumah Ibu C 4. ................... lan 5. ...................

Bapak-bapak poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken, dalu menika pembacaan yasin lan tahlil kulo pasrahaken dumateng panjenenganipun Bapak AHMAD lan mangke dipun tutup do'a kalian panjenenganipun Bapak MUSTHOFA Monggo pakempalan dalu menika kito mulai kanthi pembukaan ummul qur'an shurotul fatihah... Bismillahirrohmaanirrohim, ila hadrotin nabi mustofa Muhammad shollallohu 'alaihi wasallam wa'ala alihi wasohbihi wa azwajihi wadhurriyya tihi ajma'in, ALFAATIHAH...

Saklajengipun waosan yasin lan tahlilipun, dumateng panjenenganipun Bapak AHMAD kawulo aturaken PEMBACAAN YASIN DAN TAHLIL PEMBACAAN DOA ISTIRAHAT Bapak-bapak poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken, mekaten kolo wau waosan yasin, tahlil, lan doa sampun kolo lan panjenengan lampahi kanthi lancar lan gangsar, Mugi-Mugi, menopo ingkang dados niat lan hajatipun Bapak FULAN estu-estu dipun terami kalian Allah SWT. Amin ... Atas Nami shohibul bait, shohibul hajat, Bapak FULAN ngaturaken agunging panuwun atas kerawuhan lan doa kulo panjenengan sami, lan nyuwun ngapunten mbok bilih anggenipun paring panghormatan, pinaraan ugi hidangan mboten nocoki dumateng panjenengan jedoyo. Kulo piyambak, selaku pranoto acoro, nyuwun pangapunten mbok bilih wonten kirang langkung atur kulo dumateng panjenengan sedoyo. Akhiru kalam, billahi taufiq wal hidayah, Assalamu'alaikum Wr. Wb. Allahumma sholli alaa Muhammad....

Artikel Terkait

Categories:

0 comments :